I. WANGSULANA PITAKON ING NGISOR IKI KANTHI MILIH SING BENER!
ENDAHING BUMIKU
Anggitane: Jeng Kitut
Delengen kae kanca
Tegal sawah sing amba
Kebak tetuwuhan kang subur
Nyata Indonesia negri kang makmur
Ayo podho dijaga
Aja ninggal prayitna
Dimen lestari lingkunganira
Aja nganti getun mburi
Ilang musna tanpa sisa
Endahing bumi mung kari crita
1. Apa geguritan iku? Geguritan yaiku ....
a. Iketaning basa kang memper syair utawa puisi
b. Iketaning tembung kang memper syair utawa puisi
c. Iketaning huruf kang memper syair utawa puisi
d. Iketaning huruf Jawa kang memper syair utawa puisi
2. Yen ana wulangan bahasa Indonesia, geguritan diarani ....
a. Prosa b. puisi c. cerpen d. cerber
3. Irah-irahan geguritan ing ndhuwur yaiku ....
a. Endahing alasku c. endahing kebunku
b. Endahing gunungku d. endahing bumiku
4. Kulihat Ibu Pertiwi
Sedang bersusah hati
Tembung Ibu Pertiwi arane ...
a. Ibuku c. Ibu Dewi Sartika
b. Ibu Kartini d. Negeri Indonesia kang makmur ‘
5. Negara Indonesia ngalami 2 musim yaiku musim udan lan musim ketiga. Tembung musim ing Basa Jawa disebut ....
a. mangsa c. panas
b. rumangsa d. adem
6. arep udan mesthi ana tandane. Tandane arep udan yaiku ....
a. Mendung peteng c. ana srengenge
b. Panas banget d. ana pelangi
7. Saiki mangsa ketiga mula larang banyu. Mangsa ketiga kosok baline mangsa ...
a. rendheng c. panen
b. bedhidhing d. pagebluk
8. mula kanggo ngawekani mangsa ketiga dawa, pemerintah mbangun bendungan utawa waduk. Gunane wadhuk yaiku ....
a. panggonan wisata c. minangka tandhon banyu gawe irigasi
b. Panggonan perikanan d. a,b,c padha bener
9. Tetuwuhan sing bisa ditandhur mangsa ketiga upamane ....
a. Tanduran pari c. tanduran sayuran
b. Tanduran palawija d. tanduran kembang
10. Bapak guru maca geguritan ing kelas. Tembung maca kudune sing bener ....
a. nyerat c. nyungging
b. nulis d. maos
II. ISENANA KANTHI JAWABAN SING BENER !
1. Yen diparingi hadiah apike matur . . . .
2. Atiku . . . . banget menawa entuk biji satus.
3. Bapak . . . . kantor nitih sepeda motor.
4. Pandhawa kui duwe watak . . . . , dene Kurawa duwe watak sing ala.
5. Arep mangkat sekolah kudu . . . . marang Bapak lan Ibu.
6. Bocah yen sregep sinau bakal . . . .
7.
unine aksara jawa ng duwur yaiku ...
8. Aku lan kancaku ngomong nganggo basa ngoko. Yen ngendikan kaliyan bapak ibu ngangge basa . . . .
9. Jenengku ....
