MUNGGAH KELAS LORO
Edo lan Siti saiki kudu luwih taberi
Awit saiki dadi murid kelas loro
Kelas loro abot sanggané
Sinauné kudu ditambah
Dolanané kudu disuda
Bocah kelas loro luwih pinter
Mesthiné iya luwih mangerti
Tanginé kudu sing ésuk ora kena mbangkong
Supaya ora telat oléhé budhal sekolah
A. Wangsulono pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1. Apa irah-irahané wacan ing duwur mau?
Wangsulané: .................................................................................................
2. Sapa sing munggah kelas loro?
Wangsulané: .................................................................................................
3. Bocah kelas loro sinauné kudu kepriye?
Wangsulané: .................................................................................................
4. Saiki kudu luwih sregep, généya?
Wangsulané: .................................................................................................
5. Apa sing kudu disuda?
Wangsulané: .................................................................................................
A. Wénéhana tanda ping (X) ing aksara a,b,utawa c minangka wangsulan sing bener!
1. Unine aksara jawa iki ...
a. ha b. na c. ka
2. unine "raja kana " yaiku ...
3. Bocah kelas loro luwih pinter. Uga luwih ...
a. males b. nakal c. mangerti
4. ... omahé Pakdhé Man?
a. sapa b. kepriyé c. ing ngendi
5. Bocah kelas loro podho ..... ora ana sing tukar padhu.
a. turu b. males c. rukun
6. Marang sedulur ora kena ....
a. tukar padhu b. rukun c. crah
7. Ukara sing panulisé bener yaiku ....
a. iki dhodhol Kudus
b. Wati numpak dokar
c. bapak mundhut dhuren
8. Eyang saiki lagi .... ana ing kamar.
a. maca b. dhahar c. sare
9. Kang kalebu tembang dolanan yaiku ...
a. Pucung b. Kidang Talun c. Dandang gula
10. Bu Tini maos napa? . Ukara ing sisih kalebu ukara ....
a. andharan b. pitakon c. pacelathon
11. Bapak ngombe kopi. Ukara kramané yaiku ....
a. Bapak ngasta kopi
b. Bapak ngunjuk kopi
c. Bapak mundhut kopi
12. Karo wong tuwa lan guru kudu ....
a. manut b. males c. bandel
13. Yen olahraga beciké wayah ....
a. sore b. awan c. isuk
14. Adhiné ibuku sing lanang jenengé ....
a. Pakdhé b. Paklik c. Kangmas
15. Bapak lagi ... wayang kulit
a. ndeleng b. mirsani c. nonton